Jumat, 09 September 2016

NGENUT ILINING TIRTA



NGENUT ILINING TIRTA

Urip iki arep mili menyang ngendi
Aku mung sedrema ngetutake tirta mili
Tumuju papan kang durung dakngerteni
Pengarep-arepku mung siji
Muga bisa ngambah donyaning suci

            Urip iki tan beda kaya tirta
            Kadhang nemu begja lan cilaka
            Kadhang manjila lan tumiba
            Ora bisa nolak mung sedya nampa
            Abot enthenge mung kari anggone ngrasa

Urip iki kaya pancuraning tirta
Kanggonan wektu wengi kalawan rina
Kasinungan susah lan gumbira
Ora perlu tidha-tidha narima
Bareng sadawaning mangsa.

                                                            A. Sardi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar