Senin, 12 September 2016

TEKAN KAPAN WAE AKU KUDU SABAR



TEKAN KAPAN WAE AKU KUDU SABAR

Aku mung sedrema dititipi
Ora ndarbeni
Apa maneh nguwasani
Aku mung sedrema ngrumat
Ora ngudi mupangat
Apa maneh drajad lan pangkat

            Wiji unggul iki dipercayakake marang aku
            Wis dakupayakake amrih tuwuh sae lan dhewasa
            Kanthi ngetog daya
            Kanthi meres jiwa

Ewa semono
Yen dirasa kurang panarima
Yen malah nggawe cuwa lan gela
Aku nedya masrahake marang sing nitipake

            Embuh tekan gumantine mangsa kapan
            Embuh dadine nuwuhake wiji kabungahan apa kabegjan
            Aku tetep nduwe wektu sabar
            Aku tetep ngayahi dhawuh timbalan

Sabarku tan bakal winates
Atiku ora bakal tumpes lan pepes
Nadyan tumiba ing urip apes
Nadyan nganti titiwancine pepesthen.

                                                                        A. Sardi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar