SUMEDHOT
Wengi iki mrambat kanthi rikat
Tumungkul njedhul cahya rembulan
Ngemutna sumpah setya kang karenda
Nalika asmara lagi ngumbara
Suket grinting tumali dadi siji ing
driji
Karakit
Kembang alang-alang cumundhuk
gegancangan
Pralambang gesang tan pisah tansah
sesandhingan
Nanging
Cahya rembulan wus kerem sengsem
Suket grinting garing lan pedhot
Kabeh bubrah kari ayangan
Sliramu tan teguh ing janji.
A.
Sardi
Sampun
kapacak ing Mekar Sari
8
Maret 1989
Tidak ada komentar:
Posting Komentar