Rabu, 17 Agustus 2016

TEMBANG LAWAS



TEMBANG LAWAS

Sawise setengah abad kliwat
Dak ronce maneh tembang lawas
Nadyan wis ilang saka pangeling
Rasa iki bisa ambyur ing lelakon
Kelingan jaman karahayon
Nalika kasil ngicipi rasaning asmara
Kang karenda kebak rasa isin
Kang kelakon sarana dhedhelikan
Kasunyatan kasil ndhudhah simpenan lawas
Mabur sadhuwuring mangsa
Nglerem ati
Nyidhem wewadi
Mung saiki mung kali wewayangan peni
Angel diilangi
Tansah jumedhul ing impi.

                                                A. Sardi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar