Minggu, 28 Agustus 2016

ISINING ATI



ISINING ATI

Pambengoking rasa
Rasa rasaning ati jero dhadha
Rasa dosa lan duraka
Rasa kumawani lan mangisor
Rasa pasrah lan panantang
:
Kidung lan donga
Ing lakuning pangumbara
Ngupadi jatining dhiri
:
Ngumandhanging sukma
Nalika adoh saka gusti
Nalika wedi lan sepi
Nalika urip lan mati
Nalika pitemonan lan pepisahan
:
Dalan
Wiwitan lan pungkasan


                        A. Sardi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar