Jumat, 19 Agustus 2016

BADHARING RAINA



BADHARING RAINA

Sunaring sang bagaskara
Mbuka kori padhanging donya
Kabeh sarwa katon ngegla cetha trewaca
Muji syukur kunjuk Hyang Makwasa

Daya anyar nguwasani raga
Nedya cancut tali wanda tumandang karya
Nempil pakrayananing Hyang Makwasa
Satrep karo timbalaning urip

Saklamit pandonga kumecap ing lathi
Muga dina iki linuwih aji katimbang wektu wingi
Nduweni pengaji kanggo nyukupi urip siji
Dadi bana lan pisungsung peni

                                                A. Sardi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar