SANGKAN PARANING
DUMADI
Angin wengi nggremet njenjem caos tandha
Iki mangsane urip kudu lir gumanti
Biyen dudu saiki, saiki wis dudu biyen
Ana titi wancine meneng anteng semedi
Nliti
Nggetuni
Jluntrunge laku kang kaluru kleru
Ketekuk kablusuk
Ngudi umuk
Sairing lumakuning wektu
Umur wis kliwat setengah abad
Jumangkahing sikil wis adoh
Surasaning rasa wus dawa ngaluwara
Raga prasasat wus kasadan luh lan
kringet
Wis wancine kudu leren
Sumendhe ing palerepan
Ngadhang pepadhang tandha tinimbalan
Sinambi pasrah sumarah
Mawa kidung donga pepudyan
Sangkan paraning gesang wis ginaris
Ing antarane urip lan mati.
A.
Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar