Rabu, 03 Agustus 2016

JOGKA KEMBALI



JOGJA KEMBALI

I
Sumiyuting angin wengi kasirep mawa betenging aji
Nambahi kencenging daya lan karya mulya
Marang bangsa tumindak ankara murka
Kang wus nglenggena meres sarinining gesang jalma

            Sunare lintang raina
            Sumebar madhangi laku lakuning jati
            Mantep, madhep, marep ngrebut “Jogja Kembali”

II
Tetembangane manuk guweg
Siji-siji ilang bareng swara anteping sepatu ABRI
Mratandhani tan ana jalma mati ing palagan jati

III
Ijoning gegodhongan tan wus sinawang
Kebeh ndedonga murih kabuling biat mulya
Marang satru kang ngumbara napsu
Nak kepenak ngidak hak
Ngumbar laku kasar nyasar
Meres
Apes
Tumpes.

IV
Sesautan swara jago kluruk esuk
Ngomandho saiyeg saeka praya
Ngencengake niat kan tan asat
Nyancutake janji sejati ngrebut “Jogja Kembali”

V
Esuk repet-repet pepet
Sinawang cahyaning kringet apes
Ngetog daya kersa merjaya duraka nistha
Sesambungan tan pedhot lan kendhat
Kekipu mimis sesliweran nyucuk nyawa.


                                                A. Sardi
                                                Sampun kapacak ing Djaka Lodang
                                                Sabtu Pahing, 3 Juni 1989

Tidak ada komentar:

Posting Komentar