BINUKA
Ing tengahing wengi kang sepi
Aku ngupaya nyawijeke ati
Ngrenda ukara nedya matur Gusti
Nyuwun binukakna dalan padhanging jati
Mripat merem
Ati jenjem
Nemokake sagebyaring cahya
Tandha margining karahayon binuka
Aku jejering titah sawantah
Kudu wani pasrah sumarah
Nanging …
Nolak sakabehing tembung wegah
Ngemohi sambat kelaran lan susah
Nyingkiri ngoyak nafsuning bungah
Kareben maknaning urip tinemah
A.
Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar