SAUMPAMA
Saumpama mimis ora nembus dhadhaku,
dhiajeng
Janjiku nggayuh rembulan kanggo paesan
kaleksana
Asmara kang wus karenda tinata,
Mekar
sumebar ngganda pinurba arum
Saumpama aku ora mati ing palagan jati,
dhiajeng
Kembang melathi kang asri,
Wus
dakpethik kanggo cundhuk paesan
Saumpama jenengku kawentar bawana,
dhiajeng
Tinulis ing endahing donya
Bisa aweh paseksen darma bektiku marang
bangsa
Ngangkat
drajad, kesrakat.
A.
Sardi
Sampun
apacak ing Djaka Lodang
Sabtu
Pon, 11 Maret 1989
Tidak ada komentar:
Posting Komentar