SWARANING
ATI
Kaya ngapa swara ati bisa ginambar
Ngukir lan ngrenda ukara smara
Dene bolahing sesambung wis dak
ulur-ulur
Mawa pengarep-arep kang setya kang luhur
Dhiajeng,
Kapan
aku bisa nyandhak ayanganmu
Dene
sliramu tansah nutup mawa sewu pedhut
Datan bisa
kapiyak kabukak
Kapan
aku bisa ngganda arum sukmamu
Nadyan
atiku tansah kasiram kanisthan
Dhiajeng,
Apa tega aku ngrungkep ing bantala
Tan bisa aweh setya asmara
Apa tega atiku kerem ing a dhem
Tan bisa sungkem aweh pengarem-arem
Apa
tega thukuling ati iki sirna
Tan
bisa tuwuh wohing kasunyatan
Sedya
bakal nyambung bebrayan.
A.
Sardi
Sampun
kapacak ing Djaka Lodang
Sabtu
Pahing, 21 Oktober 1989
Tidak ada komentar:
Posting Komentar