LELANGEN
ING TENGAH WENGI
Ujarna rembulan mesam-mesem
Ngudarasa kaendahaning asmara
Awake dhewe tetep madhep manteb marep
Mesu cipta manunekungake kekidungan
Manekung mring hyang agung
Nyuwun mbukak ati kang kapilut mendhung
Ujarna sato wengi tetangisan muni
Ngendhe-endhe aja nganti wengi gumanti
Awake dhewe tetep nenepi semedi
Ngonceki isining ati kang nedyanglari
Pinisah ing alam impi.
A.
Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar