APA
ISIH ANA ?
Apa isih ana papan bawera
Kanggo nglerem sawetara
Raga kebak panandhang lara
Kadohan bala lan mitra
Kabuntel latu tatuning memala
Kesrakat datan bisa sambat
Apa isih ana papan bawera
Kanggo ngresiki rasa rasaning dosa
Kang munthuk manjing ing dhadha
Mung kari nunggu wektuning panyiksa
Manggung ngidung rasa keduwung
Kabotan dosa kedlarung-dlarung.
A.
Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar