Jumat, 30 September 2016

ING PETURON IKI



ING PETURON IKI

Aku pasrah
Marang dawaning wengi
Njaga jiwa ragaku ngranggeh sepi
Ngrangkul donga muga sesuk bisa tangi
Nyangking daya dawa kanggo netepi janji

Ing sadawaning wengi
Lakuning laku jumedhul lelakon nyala wadi
Sliramu kang saiki wis ora nyawiji
Teka nggawa esem merak ati
Paweh panyapa ing alam impi

Ngapa aku gumregah tangi
Ngupadi apa kang dumadi
Sliramu sambat nyuwarakake panandhanging ati
Lan, nyuwun supaya diamping-ampingi
Kareben bisa luwar saka urip kepatri

Nganti tumekan saiki
Cekaking crita impi isih tumali
Badhar dadi wewayangan nedya ngupadi
Sedyaku pengin nglari
Nanging ngapa angel anggone ngilangi ?

                                                A. Sardi

Kamis, 29 September 2016

PASRAH



PASRAH

Kita jejering titah
Ora bisa polah
Bisane mung pasrah
Sumarah kersaning Allah

Nadyan kita jejering titah
Aja wedi kalah
Kudu duwe daya gumregah
Aja wedi susah
Lumaku bareng ati bungah

Kita jejering titah
Aja nganti kasatan manah
Gumreget yen dicecamah
Jumangkah
Nganggo dayaning Allah.

                        A. Sardi

Rabu, 28 September 2016

PUNGKASAN



PUNGKASAN

Nalika sang bagaskara angslup mega
Rasa panalangsa iki mubal kaya prahara
Jumedhul saka satengahe samodra
Nampek kaya mecah-mecahna dhadha
Lelakon lawas tuwuh ngambra-ambra
Sinengkuyung swara ombak sambat ngaluwara
Watu-watu karang kabodan dosa angkara murka
Swara jerite manuk-manuk camar kebak dosa

Rikat laku lakuning wengi
Miyak lan mbukak wewadi
Janji-janji kang wis tumali dadi siji
Kabukti
Janji durung kasil kabukti katetepi
Dalaning pepesthen wis ngenteni
Kudu ditampi
Saiki
Gusti nimbali
Sowan ngabekti
Mati !

                                                            A. Sardi

Selasa, 27 September 2016

WELINGE SIMBOK



WELINGE SIMBOK

Kowe pancen ora tau kandha trewaca
Kowe pancen ora tau njaluk dituladha
Kowe pancen dudu kaya pamedhar sabda
Kowe luwih milih caos tuladha

            Saiki bareng kowe wis ora ana
            Ana kasil nemokake maknane makna
            Urip iki kudu gelem narima
            Ora kudu ngetog daya
            Ora kudu meres rasa
            Luwih becik narima

Ora perlu kuwatir mundhak dadi kenthir
Ora perlu nunpuk raja brana kang mung nggawe celaka
Ora saha nggege mangsa numpuk raja brana
Kabeh ora bisa dienggo saku munggah swarag

                                                A. Sardi

Senin, 26 September 2016

MARUTANING ASMARA



MARUTANING ASMARA

Ngapa kowe teka tanpa paweh warta
 Kaya ora ngerti suba sita
  Nggeterake lawanging dhadha
   Kareben gelem ngrasa surasaning asmara
    
Ngapa kowe ngganda aruming puspa
 Ngganda wewangen sajak kebak ing kapang
   Ngrerepeh sedheku nyuwun kawelasan
     Atiku wis garing nglenthing emoh nyandhing

o… marutaning asmara
 nggeblasa lunga
  tinggalen angga
   kairing mantra

            o, marutaning asmara
              aku titip kandha
                marang rembulan ngemu cahya
                  aja pisan-pisan nyampyuk kaendahan 

                                                                                    A. Sardi